Kacarita ing Kasultanan Demak ana
sawijining pangeran kang ajejuluk Made Panda. Panjenengane kagungan putra aran
Raden Pandan Arang.
Ing sawijining dina Raden Pandan Arang
sarta para pandhereke nyumurupi bab kang nyalawadi. Ing lemah kang subur iku
prenahe sela-selane tanduran tuwuh wit asem sing pating plencar arang-arang.
“He, sedulurku kabeh padha gatekna,”
pangandikane Raden Pandan Arang marang para pandhereke.
“Wonten menapa Raden?” Pitakone
saperangan pandherek.
“Sawangen! Ing sela-sela tanduran kang
subur iku, tuwuh wit asem,” pangandikane raden Pandan Arang.
“Oh, inggih leres Raden.” Tumangape
wong-wong sing dherekake.
“Ning kok sajak nyalawadi temen,”
Pitakone wong-wong mau rada gumun.
“Aneh, wit-witan asem iku thukule rada
adoh-adoh utawa arang-arang. Kamangka lemah kene subur. Mesthine tuwuhe kerep
ora arang-arang ngene iki”
“Inggih leres Raden, punika tuwuhipun
sajak nyalawadi,” sambunge para pandhereke.
“Mula iku para sedulur, padha seksenana.
Amarga iku, thukul wit asem sing arang-arang wewengkon iki dak arani Semarang
-- (diarani Semarang – saka asem arang).
No comments:
Post a Comment